Yuuk Sinau Basa Jawa

Pasinaom basa Jawa minangka sulih pasinaon ana ing kelas

Sinau Saka Ngomah

(Learning From Home)

Gua Cemara

Crita Pengalaman

Crita pengalaman yaiku crita kang dicritakake marang wong liya. Crita mau bisa arupa pengalaman dhewe lan uga bisa pengalamane wong liya.



Conto Crita Pengalaman ana LKS Widya Tamansari kaca 31: Pilih Bokong Apa Pilih Kathok


Pigunane crita pengalaman yaiku :

1. Sarana ngudhar reruweting pikir

2. nambahi kawruh

3. Minangka piwulang utawa guru ing Bahasa Inggris ‘’ the experience is the best teacher.’’

4. Minangka panglipur

Carane nyritakake pengalaman kanthi tinulis yaiku:

1. Anane tema utawa bakuning crita kang wis tau dilakoni

2. Nemtokake pokok-pokoking crita

3. Mekarake pokoking crita dadi ukara

4. Mekarake ukara dadi paragraph.

5. Ninthingi tulisan kalarasake pamilihing tembung, runtuting ukara, paragraph, uga tata panulise.

Sing perlu digatekke nalika nulis crita pengalaman

1. Paraga

2. Watake paraga

3. kedadeyane

4. Papan lan wektune

6. Umpan balik saka prastawa sing dicritakake


TUGAS UNTUK KELAS IV

Wacana kanggo Kelas Wolu


Gatekna tuladha ngisor iki!
Wara-wara
Wulangan basa Jawa ing kelas wolu, keprungu swara lawang dithothok. Pak Harjo sing lagi ngasta ing kelas nuli noleh asale suara.  Katon ing kono Astuti lan kancane telu. Bocah telu iku nyuwun palilah arep menehi wara-wara ing kelas wolu A.
Astuti :
"Nuwun sewu Pak, keparenga kula nyuwun idi palilah badhe nyukani wara-wara dhateng kanca-kanca kelas wolu A. (Patrap: Ngadeg jejeg tangan ngapurancang, ulat sumeh.)
Pak Harja :
"Oh iya Mbak. Mangga, Bocah-bocah padha digatekake iki kancamu arep menehi wara-wara."
Astuti  :
"Sugeng siyang kanca-kanca. Kepareng aku nyuwun kawigatenmu sedhela marang kanca-kanca pengurus OSIS ing kelas wolu A yen mengko sawise rampung pasinaon dak suwun kumpul ana ing ruang OSIS saperlu ngrembug kegiyatan kanggo mapag dina kamardikan RI sing kaping 69. Mangkono wara-wara saka aku sakanca awit kawigatene aku ngaturake matur nuwun." (Patrap: Ngadeg jejeg tangan ngapurancang, ulat sumeh)

Sakwise rampung anggone menehake wara-wara Astuti lan kancane banjurngaturake panuwun marang Pak Harjo, guru kang ngasta ing kelas wolu A. Bocah telu nyuwun pamit kanthi sopan.

Kanggo njaluk kawigaten, bisa nggunakake tetembungan:
-          Ayo digatekake
-          Gatekna
-          Ayo nggatekke
-          Mangga dipungatosaken
-          Nyuwun kawigatosanipun

Gawea ukara nyuwun kawigaten kanthi wara-wara yen para pemudha lan pemudhi ing desamu arep nganakake Kerja Bakti. Resik-resik lingkungan.
Kok tulis ana kertas banjur dikirim lewat Google Clasroom.
Utawa kok tulis langsung ana pesan..Google classroom