Yuuk Sinau Basa Jawa

Pasinaom basa Jawa minangka sulih pasinaon ana ing kelas

Sinau Saka Ngomah

(Learning From Home)

Gua Cemara

Crita Pengalaman

Crita pengalaman yaiku crita kang dicritakake marang wong liya. Crita mau bisa arupa pengalaman dhewe lan uga bisa pengalamane wong liya.



Conto Crita Pengalaman ana LKS Widya Tamansari kaca 31: Pilih Bokong Apa Pilih Kathok


Pigunane crita pengalaman yaiku :

1. Sarana ngudhar reruweting pikir

2. nambahi kawruh

3. Minangka piwulang utawa guru ing Bahasa Inggris ‘’ the experience is the best teacher.’’

4. Minangka panglipur

Carane nyritakake pengalaman kanthi tinulis yaiku:

1. Anane tema utawa bakuning crita kang wis tau dilakoni

2. Nemtokake pokok-pokoking crita

3. Mekarake pokoking crita dadi ukara

4. Mekarake ukara dadi paragraph.

5. Ninthingi tulisan kalarasake pamilihing tembung, runtuting ukara, paragraph, uga tata panulise.

Sing perlu digatekke nalika nulis crita pengalaman

1. Paraga

2. Watake paraga

3. kedadeyane

4. Papan lan wektune

6. Umpan balik saka prastawa sing dicritakake


TUGAS UNTUK KELAS IV

TUGAS KANGGO KELAS VII (SOAL 2)

Nyuwun pamit mangkat sekolah 

Jam 06.15 WIB Mursid wis adus lan siap nganggo sragam sekolah kang wis disetlika alus. Sakwise iku banjur sarapan bareng adhine sing jenenge Fatimah. Sakwise rampung sarapan, Mursid lan Fatimah pada njupuk tas banjur pamitan marang bapak ibune. Mursid ngajak salaman bapakne karo diaras astane. 
Mursid matur, “Pak, kepareng kula nyuwun pamit badhe bidhal datheng sekolah. Kula nyuwun donga saha pangestunipun bapak.” 
“ Iya Le, muga-muga sliramu tansah antuk keslametan lan lancar anggonmu sinau.”jawabe bapakne 
“Matur nuwun, nyuwun donga saha pangestunipun.” 
Sakwise iku Mursid banjur pamit marang ibune, dene Fatimah uga mangkono. 
Fatimah matur ibune, “ Pareng nggih Pak, Bu, nyuwun pamit badhe bidhal sekolah.” 
Ibune jawab karo mbukak dhompete, “ Iya nduk, ngati-ati ing dalan. Iki dhuwit limang ewonan loro kanggo sangu kowe lan kangmasmu.” 
“Matur nuwun bu,” ature cah loro bebarengan. (sakpungkure bocah loro iku, bapake Mursid uga tata-tata budhal kerja, ora lali pamitan marang ibu) 
Bapak : "Wis ya bu, bapak budhal dhisik."
 Ibu : "Ya Pak, ngati-ati."

BAB SING KUDU DIGATEKAKE NALIKA PAMITAN 
1. Matur kanthi santun, tegese nganggo basa kang becik. 
2. Sikepe sopan ora kesusu. 
3. Tangane salaman sokur bage kanthi di aras. 
4. Aja lali nyuwun dongane wong tuwa. 

Ukara kang lumrah kanggo pamitan: 
"Pak, Bu, keparenga nyuwun pamit badhe bidhal sekolah." 
"Bu, kepareng kula nyuwun pamit badhe mlampah sekolah." "Donga pangestunipun bapak saha ibu ingkang kula suwun." "Kepareng kula nyuwun donga saha pangestunipun." 

LATIHAN
Klik utawa dumuk bunderan ing ngarepe jawaban sing Bener. 

 Kanggo Latihan

1. Jam pira Mursid anggone adus?
A. Jam 6.15 esuk.
B. Sakwise jam 6.15 esuk.
C. Sakdurunge jam 6.15 esuk
D. Kira kira jam 6.15 esuk.

2. Apa sing ditindakake Mursid lan Fatimah sakwise sarapan?
A. Budhal menyang sekolahan.
B. Nyuwun sangu karo ibune.
C. Nyuwun pamit karo bapak lan ibune.
D. Salaman karo bapakne.

3. Kepriye Mursid anggone pamitan ?
A. Kanthi salaman.
B. Kanthi ulat sumeh.
C. Kanthi ngaras astane bapakne.
D. Kanthi salaman lan ngaras astane bapakne.

4. Sak liyane pamitan Mursid nyuwun apa?
A. Nyuwun sangu dhuwit.
B. Nyuwun dongane marang bapak lan ibune.
C. Nyuwun diterke mangkat menyang sekolah.
D. Ora nyuwun apa-apa.

5. Apa dongane bapakne?
A. Supaya diparingi keslametan lan lancar anggone sekolah.
B. Supaya bijine apik.
C. Supaya oleh keslametan.
D. Supaya lancar anggone sekolah.

6. Yen manut panemumu Mursid lan adhine kagolong bocah sing?
A. Peng-pengan
B. Lantip
C. Sopan
D. Kurang sopan

7. Apa wae sing dadi  tata kramane wong pamitan?
A. Santun, sopan, ora kesusu, karo nyuwun donga.
B. Santun, ora kesusu karo salaman.
C. Santun, sopan, ora kesusu, salaman lan nyuwun donga.
D. Santun, sopan, ora kesusu, salaman lan ngaras astane bapak karo ibu lan nyuwun donga.

8. "Bu, aku arep  mangkat menyang sekolahan, wis ya."
     Basa sing santun kudune matur.....
A. "Bu, kula budhe mangkat sekolah.
B. " Wis ya bu, kepareng aku arep mangkat sekolah."
C. " Bu, kepareng kula badhe bidhal dhateng sekolah."
C. " Bu, kepareng kula ajeng bidhal dhateng sekolah."

9. Kepriye anggonmu matur yen kowe pamit arep sowan menyang daleme Bu Guru?
A. "Pak, kula ajeng sowan dhateng daleme Bu Guru."
B. " Pak, kula nyuwun pamit sowan wonten daleme Bu Guru."
C. "Pak, kepareng nyuwun pamit kula badhe sowan dhateng dalemipun Bu Guru."
D. "Pak, kepareng pamit nggih, kula badhe sowan daleme Bu Guru."

10. Kepriye anggonmu matur menawa kowe pamitan arep pipis?
A. " Pak, kepareng kula badhe dhateng pakiwan sakedhap."
B. "Bu, kula ajeng pipis."
C. " Pak, kula badhe pipis teng pakiwan."
D. "Bu, kepareng kula ajeng pipis sedhela mawon.


TUGAS SING KUDU DIGARAP  
Coba gawea ukara pamitankaro bapak lan ibu!
  1. Kowe arep sowan Bu Guru arep nyuwun les.
  2. Kowe arep lunga menyang kutha arep tuku sepatu.
  3. Kowe arep mara menyang panggonane kancamu arep sinau bareng.
  4. Kowe arep lunga menyang pengajian.
  5. Kowe arep lunga latihan olah raga ana ing sekolah.
Jawaban ditulis ana formulir jawaban ing ngisor iki!
Aja lali ngeklik utawa dumuk submit yen wis rampung.