Yuuk Sinau Basa Jawa

Pasinaom basa Jawa minangka sulih pasinaon ana ing kelas

Sinau Saka Ngomah

(Learning From Home)

Gua Cemara

Crita Pengalaman

Crita pengalaman yaiku crita kang dicritakake marang wong liya. Crita mau bisa arupa pengalaman dhewe lan uga bisa pengalamane wong liya.



Conto Crita Pengalaman ana LKS Widya Tamansari kaca 31: Pilih Bokong Apa Pilih Kathok


Pigunane crita pengalaman yaiku :

1. Sarana ngudhar reruweting pikir

2. nambahi kawruh

3. Minangka piwulang utawa guru ing Bahasa Inggris ‘’ the experience is the best teacher.’’

4. Minangka panglipur

Carane nyritakake pengalaman kanthi tinulis yaiku:

1. Anane tema utawa bakuning crita kang wis tau dilakoni

2. Nemtokake pokok-pokoking crita

3. Mekarake pokoking crita dadi ukara

4. Mekarake ukara dadi paragraph.

5. Ninthingi tulisan kalarasake pamilihing tembung, runtuting ukara, paragraph, uga tata panulise.

Sing perlu digatekke nalika nulis crita pengalaman

1. Paraga

2. Watake paraga

3. kedadeyane

4. Papan lan wektune

6. Umpan balik saka prastawa sing dicritakake


TUGAS UNTUK KELAS IV

Tugas Basa Jawa Kelas VIII: Soal 02

TATA KRAMA : IDI PALILAH
Gatekna wacan iki dhisik sakdurunge nggarap soal ing ngisor.
Nalika arep lunga saka ngomah kudune nganggo idi palilah marang wong tuwa, kalebu ibu, bapak guru menawa ana ing sekolah, utawa nalika lagi bebarengan karo kancane. Kanggo njaluk idi palilah karo kanca bisa nganggo basa ngoko, menawa nyuwun idi palilah marang wong tuwa kalebu bapak ibu guru prayogane nganggo basa krama. 

Tuladha ukara kangge nyuwun idi palilah : 
  1. Bud, aku pamit bali dhisik ya? 
  2. Pak, menawi kepareng kula badhe dhateng griya sakit tuwe kanca kula ingkang nembe sakit! 
  3. Bu, menawi kepareng kula badhe dhateng wingking!
  4. Tuladha ing wacana : 
 Nyuwun Pamit Dhateng Wingking 

Pak Prasetyo lagi ngandharake bab unggah-ungguh utawa tata krama, ananging Widati krasa arep menyang pakiwan. Banjur Widati nyuwun idin marang Pak Prasetyo menawa arep menyang pakiwan.
Patrape, Widati ngadeg banjur mlaku alon nyedhaki Pak Prasetyo. Tangane ngapurancang, awak rada mbungkuk, banjur matur alon ananging cetha.
Widati: “Nuwun sewu,Pak.Kula nyuwun idin badhe dhateng Kolah.”
Pak Prasetyo: “Ya kana.”
Sajroning Widati menyang kolah, Pak Prasetyo nerusake anggone ngendikan. Ora suwe Widati bali saka kolah.
Widati: “Sampun, Pak matur nuwun”
Pak Prasetyo: “iya padha-padha (Pak Prasetyo sinambi manthuk-manthuk) 

Soal ing ngisor iki garapen kanthi milih jawaban sing bener!