Yuuk Sinau Basa Jawa

Pasinaom basa Jawa minangka sulih pasinaon ana ing kelas

Sinau Saka Ngomah

(Learning From Home)

Gua Cemara

Crita Pengalaman

Crita pengalaman yaiku crita kang dicritakake marang wong liya. Crita mau bisa arupa pengalaman dhewe lan uga bisa pengalamane wong liya.



Conto Crita Pengalaman ana LKS Widya Tamansari kaca 31: Pilih Bokong Apa Pilih Kathok


Pigunane crita pengalaman yaiku :

1. Sarana ngudhar reruweting pikir

2. nambahi kawruh

3. Minangka piwulang utawa guru ing Bahasa Inggris ‘’ the experience is the best teacher.’’

4. Minangka panglipur

Carane nyritakake pengalaman kanthi tinulis yaiku:

1. Anane tema utawa bakuning crita kang wis tau dilakoni

2. Nemtokake pokok-pokoking crita

3. Mekarake pokoking crita dadi ukara

4. Mekarake ukara dadi paragraph.

5. Ninthingi tulisan kalarasake pamilihing tembung, runtuting ukara, paragraph, uga tata panulise.

Sing perlu digatekke nalika nulis crita pengalaman

1. Paraga

2. Watake paraga

3. kedadeyane

4. Papan lan wektune

6. Umpan balik saka prastawa sing dicritakake


TUGAS UNTUK KELAS IV

Wacana 1

A. Wacana ing ngisor iki semaken Basa mujudake sarana kanggo medhar­ake gagasan utawa rasa pangrasane manungsa. Kanggo medharake gagasan utawa rasa pangrasa iku mau bisa diwujudake kanthi pocapan, sarana tulisan, bisa uga sarana sasmita utawa isyarat mula banjur diarani basa lisan, basa tulis lan basa isyarat. Saka maneka warna basa kasebut cara kang paling cetha lan gampang ditampa dening wong liya yaiku kanthi migunakake basa lisan. Nalika medharake gagasan kang wigati tumrape wong kang nggunakake basa lisan kanggo guneman yaiku kanthi migunakake basa kang bener lan becik. Basa kang bener tegese bisa migunakake tetembungan kang pener lan ukara kang genep saengga gampang dimangerteni karepe, dene basa kang becik yaiku bisa nglarasake tetembungane, bisa ngetrepake ukarane cocok karo sapa anggone guneman lan ing swasana kang kepriye. Ana tetembungan bisa empan papan kang tegese bisa ngetrepake marang kahanan lan swasana ing sadhengah papan lan wektu. Kanthi mangkono bisa gawe ukarane cocok karo sapa anggone guneman lan ing swasana kang kepriye. Ana tetembungan bisa empan papan kang tegese bisa ngetrepake marang kahanan lan swasana ing sadhengah papan lan wektu. Kanthi mangkono bisa gawe sengsem lan ora nglarani atine wong kang diajak guneman sarta bisa njaga ajining dhiri wong liya uga pribadine dhewe. Unggah-ungguh basa bisa dadi sarana kanggo nggayuh katentreman amarga wong kang bisa ngetrapake basa kanthi bener lan becik bakal kepenak anggone sesrawungan. Wong kang bisa ngetrapake basa kanthi bener lan becik iki kang diarani ngerti migunakake unggah-ungguh basa.Bisa migunakake unggah-ungguh basa ateges bisa ngajeni marang wong liya. Bisa ngajeni liyan ateges bisa gawe kabecikan. Wong kang bisa gawe kabecikan ateges nggayuh katentreman. Mula ayo ajar unggah-ungguh sarta dicakake ing pasrawungan saben dinane supaya bisa urip ayem lan tentrem ing madyaning bebrayan. B. Kawruh Basa 1. Teges Tembung saka wacan medharake : ngandhakake, rigetokake panguneg-uneg pikir pangrasa : apa kang dirasakake sasmita lambang, isyarat, kode guneman : omongan, celathu sadhengah : ing saenggon-enggon, saben papan sengsem : seneng sesrawungan : kekancan bebrayan : urip bebarengan wong akeh (masyarakat) nggayuh : ngudi, nggoleki