Yuuk Sinau Basa Jawa

Pasinaom basa Jawa minangka sulih pasinaon ana ing kelas

Sinau Saka Ngomah

(Learning From Home)

Gua Cemara

Crita Pengalaman

Crita pengalaman yaiku crita kang dicritakake marang wong liya. Crita mau bisa arupa pengalaman dhewe lan uga bisa pengalamane wong liya.



Conto Crita Pengalaman ana LKS Widya Tamansari kaca 31: Pilih Bokong Apa Pilih Kathok


Pigunane crita pengalaman yaiku :

1. Sarana ngudhar reruweting pikir

2. nambahi kawruh

3. Minangka piwulang utawa guru ing Bahasa Inggris ‘’ the experience is the best teacher.’’

4. Minangka panglipur

Carane nyritakake pengalaman kanthi tinulis yaiku:

1. Anane tema utawa bakuning crita kang wis tau dilakoni

2. Nemtokake pokok-pokoking crita

3. Mekarake pokoking crita dadi ukara

4. Mekarake ukara dadi paragraph.

5. Ninthingi tulisan kalarasake pamilihing tembung, runtuting ukara, paragraph, uga tata panulise.

Sing perlu digatekke nalika nulis crita pengalaman

1. Paraga

2. Watake paraga

3. kedadeyane

4. Papan lan wektune

6. Umpan balik saka prastawa sing dicritakake


TUGAS UNTUK KELAS IV

Wacana kanggo Kelas VII



Taun Ajaran Anyar
Jam pitu kurang selawe menit, plataran MTs Al Furqon isih sepi. Ora adoh saka ruang kelas VII ana bocah loro padha bareng mlaku tumuju kelas. Sinambi mlaku bocah loro mau padha tetepungan.
Salah sawijine bocah mau, sing jenenge Mahmudin takon marang bocah sijine, “Ditepungke jenengku Mahmudin. Aku saka SD Pajangan. Jenengmu sapa?”
“Aku Fatimah, saka SD Pleret,”jawabe.
“Aku kelas pitu, kowe kelas pira?”
“O, aku kelas pitu B.”
“Aku kelas pitu A.”
Bocah loro mau banjur marani Bapak Kepala Sekolah sing wis Jumeneng ana ngarep kelas diampingi Guru para nyalami para siswa sing padha teka.
 "Wah, sragam anyar iki siswa anyar ya?” Bapak Kepala Sekolah ndangu marang boah loro iku.
“ Kelas pitu apa, Mas?”
"Kula kelas pitu A, Pak!"
"Sapa jenengmu, Mas?"
 "Ndherek nepangaken nama kula Mahmudin, Pak!"
"Ya. Kana enggal nggoleki kelase dhewe-dewe!"
 "Inggih, Pak. Matur nuwun. Pareng, Pak!"
"Iya-iya."
"Yen mbake iki kelas pitu apa ya?"
 "Kula kelas pitu B, Pak!"
"Kelas pitu B, kelase ig sisih lor kae! Sapa jenengmu Mbak?"
"Nama kula Fatimah, Pak!"
 "Ya kana enggal tumuju kelas!"
"Inggih Pak!"
Ora let suwe keprungu bell kemlonthang minangka tandha  wiwiting piwulangan. Bapak kepala sekolah sarta bapak ibu guru nuli nuju plataran sekolah saperlu tata-tata kanggo upacara pembukaan Pengenalan Lingkungan Sekolah utawa PLS kanggo siswa kelas pitu. Para siswa uga wis --mlumpuk ing plataran sekolahan. Let sedhela upacara gendera kanggo pambukaning kegiatan PLS nuli kawiwitan. Sing minangka Pembina upacara dina iku Bapak Kepala sekolah.