Yuuk Sinau Basa Jawa

Pasinaom basa Jawa minangka sulih pasinaon ana ing kelas

Sinau Saka Ngomah

(Learning From Home)

Gua Cemara

Crita Pengalaman

Crita pengalaman yaiku crita kang dicritakake marang wong liya. Crita mau bisa arupa pengalaman dhewe lan uga bisa pengalamane wong liya.



Conto Crita Pengalaman ana LKS Widya Tamansari kaca 31: Pilih Bokong Apa Pilih Kathok


Pigunane crita pengalaman yaiku :

1. Sarana ngudhar reruweting pikir

2. nambahi kawruh

3. Minangka piwulang utawa guru ing Bahasa Inggris ‘’ the experience is the best teacher.’’

4. Minangka panglipur

Carane nyritakake pengalaman kanthi tinulis yaiku:

1. Anane tema utawa bakuning crita kang wis tau dilakoni

2. Nemtokake pokok-pokoking crita

3. Mekarake pokoking crita dadi ukara

4. Mekarake ukara dadi paragraph.

5. Ninthingi tulisan kalarasake pamilihing tembung, runtuting ukara, paragraph, uga tata panulise.

Sing perlu digatekke nalika nulis crita pengalaman

1. Paraga

2. Watake paraga

3. kedadeyane

4. Papan lan wektune

6. Umpan balik saka prastawa sing dicritakake


TUGAS UNTUK KELAS IV

Tataran Basa utawa Unggah-ungguh Basa

Manut Tatarane Basa utawa Unggah-unguh Basa, basa kaperang dadi loro.
A. Basa Ngoko
a. Basa Ngoko lugu

    Kabeh tembung nggunakake tembung tataran basa ngoko.

   Tuladha:

   - Apa kowe sesuk lunga?

   - Mengko sore, aku arep njagong ana ing Pleret.

   -Pak aku arep mara ana ing omahe Slamet, arep nyilih buku.

b. Basa Ngoko Alus utawa basa Ngoko Andhap

    Tataran tembunge tembung basa ngoko, basa tembung krama,    
     lan   tataran tembung basa krama inggil. 


   Tuladha:

-     - Apa panjenengan uwis Dhahar?

-     - Sesuk esuk, Bapak arep tindak menyang Jakarta.

-     - Aku arep sowan ing daleme Pak Guru, arep nyuwun ngampil 
            buku.
          B.      Basa Krama 
           a.  Basa Krama Lugu
               Kabeh wujude tataran tembung basa krama. Biasane digunakake basa ing desa, ing pasar-pasar.       Tuladha:
           -Sampeyan mang tumbas sepedha!
-          -Sampeyan benjang teng ngantor?
-          -Montor sampeyan niki mbenjing-enjing ajeng kula dugekaken teng griya sampeyan .

b         b. Basa Mudhakrama utawa Basa Krama Alus
          Basa Krama Alus/Basa Krama Andhap/Basa Mudhakrama diarani basa Mudhakrama amarga sing nggunakake wong mudha/enom utawa wong sing kalungguhane/drajate luwih cendhek karo wong tuwa utawa sing kalungguhane luwih dhuwur. Tataran tembung sing digunakake tataran tembung krama digunakake wong kapisan utawa awake dhewe lan tembung liyane. Tembung krama inggil digunakake kanggo wong kapindho utawa wong tuwa.
        Tuladha:
         -Ibu saha Bapak benjang tindak Jakarta.
         -Kula badhe sowan wonten dalemipun Pak Guru, badhe nyuwun ngampil laptop.
        -Montor panjenengan menika, mangke badhe kula sowanaken wonten dalem panjenengan.