Yuuk Sinau Basa Jawa

Pasinaom basa Jawa minangka sulih pasinaon ana ing kelas

Sinau Saka Ngomah

(Learning From Home)

Gua Cemara

Crita Pengalaman

Crita pengalaman yaiku crita kang dicritakake marang wong liya. Crita mau bisa arupa pengalaman dhewe lan uga bisa pengalamane wong liya.



Conto Crita Pengalaman ana LKS Widya Tamansari kaca 31: Pilih Bokong Apa Pilih Kathok


Pigunane crita pengalaman yaiku :

1. Sarana ngudhar reruweting pikir

2. nambahi kawruh

3. Minangka piwulang utawa guru ing Bahasa Inggris ‘’ the experience is the best teacher.’’

4. Minangka panglipur

Carane nyritakake pengalaman kanthi tinulis yaiku:

1. Anane tema utawa bakuning crita kang wis tau dilakoni

2. Nemtokake pokok-pokoking crita

3. Mekarake pokoking crita dadi ukara

4. Mekarake ukara dadi paragraph.

5. Ninthingi tulisan kalarasake pamilihing tembung, runtuting ukara, paragraph, uga tata panulise.

Sing perlu digatekke nalika nulis crita pengalaman

1. Paraga

2. Watake paraga

3. kedadeyane

4. Papan lan wektune

6. Umpan balik saka prastawa sing dicritakake


TUGAS UNTUK KELAS IV

Kancil karo Merak

Merak iku kewan sing seneng macak. Yen di tonton tansah nengsemake. Wulune katon indah, gawe seneng kang padha nyawang. Mula kewan-kewan sing padha mara menyang omahe Merak saperlu sinau ngadi busana lan ngadi salira.
 “Aku pengin duwe sandhangan wulu kaya kowe, Rak,” ujare Kancil marang Merak. 
Sandhanganku iki paringane Gusti Allah. Aku mung saderma ngrumat lan njaga supaya tetep katon endah,” wangsulane Merak kanthi sareh.
Iki mung wujud rasa syukurku marang Gusti!” bacute tanpa linandhesan rasa umuk.
Supaya wuluku bisa dadi kaya wulumu, piye carane?” pitakone Kancil.
Tangeh lamun, Cil! Aku-kowe ki mung saderma nglakoni. Apa kang dadi peparinganing Pangeran kudu tinampa kanthi ati segara,” wangsulane Merak. “Karo maneh kabeh sing tememplek ana saranduning badan iki, mesthi piguna marang awake dhewe. Kang ana ing aku ora durung mesthi ana ing kowe, semono uga kosok baline, Cil. Wulu soklatmu kuwi mesthi piguna tumrapmu!”.
Nanging Kancil sajak wingi nyawang kaendahan wulune Merak. “Piguna apa?” Sawise megeng napas sawetara banjur nggrundel, “Senajan piguna, nyatane wuluku letheg! Aku luwih bungah yen wuluku bisa kaya wulumu! Saben kewan ora sebah nyawang!”
Kuwi rak mung saka panggraitamu dhewe. Nanging ora kok, Cil!” sahute Merak. “Sebab saben kewan ginaris dhewe-dhewe! Uga bab wulu! Wulu-wuluku kaya ngene, wulu-wulumu kaya ngono, wulune Macan, wulune Gajah, lan sato kewan liyane ora ana sing padha!”.
Senajan akeh-akeh Merak anggone ngandhani, nanging ora bisa mbendung pepenginane Kancil nduweni wulu kaya wulu Merak. “Sakarepmu anggonmu kandha, Rak! Mung aku njaluk tulung supaya aku bisa nduweni wulu kaya kowe!” kandhane Kancil setengah meksa.
Merak gedheg-gedheg gumun karo kekarepane Kancil. “Saupama bisa, terus mengko kowe dadi kewan apa?” pitakone Merak
Kewan apa wae terserah sing arep ngarani! Mung kira-kira bisa ta, Rak?” pitakone Kancil ngoyak, ora sabar.
“Bisa wae, nanging mung imitasi! Pasangan!”
Ora masalah!” 
Kancil bungah. “Ndang dipasang!” panjaluke kesusu.
“Ya sabar, Cil! Aku kudu nglumpukake bodholane wuluku lan wulu-wulune wargaku.”
Terus kapan?”“Udakara rong mingguan.”
“Tak tunggu, Rak, ujare Kancil banjur nerusake lakune. 
Merak mung nyawang kanthi mesem, “Cil, Kancil. Yen duwe kekarepan kok ngudung, tanpa metung tuna lan bathine. Kudu tak udaneni kekarepane, ngiras kanggo menehi piwulang marang dheweke.
Tekan dina sing dijanjekake, esuk uthuk-uthuk Kancil wis tekan omahe Merak. “Piye, Rak? Iki wis rong minggu!”
Beres!” jawabe Merak karo nata wulu-wulu sing wis diklumpukake, “Gilo! Wulu-wulu wis mlumpuk, malah wis dakdhewek-dhewekake! Wulu awak, wulu swiwi, wulu buntut, aku uga wis golek tlutuh wit karet barang minangka kanggo nemplekake ing badanmu!” 
“Wis gek ndang dipasang nyang awakku!” ujare Kancil karo lungguh dhingklik sacedhake Merak.Merak banjur ngoser-oseri kabeh kulite Kancil nganggo tlutuh karet. Bareng kawawas wis ora ana sing keri, baka siji Merak nemplekake wulu-wulu nut karo kebutuhane. Wulu gulu ditemplekake ing gulu, wulu awak ing awak, wulu sikil ing sikil, dene wulu buntut uga dipasang ing buntute Kancil.Sedina natas, kabeh wulu wis kapasang ing kulite Kancil.“Rampung, Cil,” ujare Merak mesem. “Kae ana pengilon, ndang ngiloa!”Kancil banjur ngilo. Weruh kahanan awake, dheweke mongkog, “Iki sing dakkarepake!” celathune. “Aku bakal dadi salah sijining kewan kang paling endah!”“Bener kandhamu, Cil. Tur ora ana sing madhani!” Merak mbombong. “Mung aja nganti kaendahan mau malah ngreridhu lakumu,” bacute ngelingake.
“Ngreridhu piye to? Wong apike kaya ngene kok ngreridhu. 
“Lho, wulu wulu kuwi mung templekan. Cetha bakal ngebot-eboti awakmu!”  Kancil ora nggagas, malah gage pamitan.
Wis, Rak. Aku pamit! Lan nedha nrima awit saka kabecikanmu, aku selak pengin mamerke kahananing awakku saiki!”
“Sing ati-ati Cil, ” kandhane Merak karo nguntapake Kancil metu saka omahe.Metu saka platarane Merak, Kancil mlaku lon-lonan. Bokonge digidal-gidulake, pamrihe supaya bisa mamerake wulune kang apik tur edi. Saben ketemu sato, Kancil tansah mesem karo aruh-aruh sombong. Dene sing diaruhi uga genti mesem, mung eseme esem geli. Geli amarga weruh kahanan kang ora lumrah. Nanging tumrap Kancil esem mau tinampa beda, “Kabeh kewan padha kesengsem lan kepincut karo aku,” ujare jroning ati.
Nanging sengsem, edi, lan endah mau ora suwe. Bareng tlutuh karet mau garing, kulite Kancil dadi kaku nyekengkeng. Akibate sikil, gulu, lan buntute angel diobah-obahake. Kancil mung bisa njegreg ngececer, ora bisa lumaku. “Tulung! Tulung! Tuluuung! Tuluuuung….!” pambengoke sabisa-bisane.

“Ana apa to Cil?” pitakone Merak krungu pambengoke Kancil. “Gage tulungana aku, saranduning badanku angel diobahake!”
“Kabeh wulu sing nemplek ing awakmu kudu dicopot kabeh, kowe gelem?”
“ Gelem Rak!” ujare Kancil nglenggana marang apa singwis dilakoni. Dheweke eling menawa kabeh paringane Gusti mono kudu tansah disyukuri. Apik, edi, lan endah tumraping sesawangan kadhang bisa ngganggu utawa mbilaheni.
Alon-alon, Merak mbubuti wulu sing wis kebacut kraket ing awake Kancil. Senajan ngrasakake perih amarga sebagian kulite ana sing katut thethel, Kancil mung mringis-mringis karo ngempet lara. Ora sambat. Ndhadha tumindake kang salah merga mung nuruti karepe dhewe, tanpa metung tuna lan bathine.